Gamelan
Dening : Fara Odelia Dwi P Gamelan, Musik Tradisional Jawa Sing Ngemu Makna Gamelan kuwi salah siji seni musik tradisional saka tanah Jawa sing wis ana saka jaman mbiyen banget. Gamelan ora mung kumpulan piranti musik, nanging uga lambang kabudayan, kerukunan, lan filosofi urip masyarakat Jawa. Gamelan iku racaké dimainake bareng-bareng nganggo piranti kaya gong, kenong, bonang, saron, slenthem, kendhang, lan isih akèh manèh. Saben piranti duwe fungsi dhewe-dhewe lan kudu diarani bareng supaya bisa nyipta swara sing harmonis lan nyenengake. Swara gamelan kuwi lembut, ayem, lan nglegakake ati. Ora kaya musik modhèren sing kadhang banter lan rame, gamelan nduwé irama sing landhep nanging tenang. Nalika diputerake, gamelan iso nggawa perasaan tenang lan ngajak wong sing ngrungokake kanggo mlebu ing suasana batin sing luwih jero. Kuwi sing ndadekake gamelan kerep digunakake kanggo ngiringi acara-acara penting kaya upacara adat, pagelaran wayang kulit, tari-tarian tradisional, l...