tedhak siten
Tedhak Siten : upacara adat jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 8 wulan ditulis dening : Angelyca Gabriella p.k.p/XI.1/05 Tedhak siten yaiku salah siji upacara adat Jawa sing dianakaké nalika bayi wis umur kira-kira pitung utawa wolu wulan, lan wiwit sinau lungguh lan mlaku ing lemah. Upacara iki dadi bagian saka tradhisi daur urip masyarakat Jawa, sing maknane minangka tandha yen bayi wis siap mlebu urip ing alam donya kanthi nginjak lemah sepisanan.Ing daerah Jawa Tengah, utamane Yogyakarta, upacara iki uga dikenal nganggo jeneng “turun tanah.” Upacara iki nduwèni makna simbolis lan spiritual . Nandhakaké yen bocah wis siap mlebu urip ing alam donya kanthi mandiri. Saliyane kuwi, upacara iki wujud rasa syukur saka wong tuwa marang Gusti Allah amarga anaké wis tuwuh kanthi sehat lan slamet nganti tekan umur iku. Tegese lan Tujuane Dilakokaké Tedhak Siten Upacara tedhak siten nduwèni teges lan tujuan sing jero kanggo masyarakat Jawa. Tegese yaiku minangka lambang ye...