Postingan

Menampilkan postingan dengan label ALFIAN DAFFA A.P /04/XI-1

Candi Tikus

Gambar
Candi Tikus: Tinggalan Majapahit sing Unik lan Dadi Tuladan Budaya Ditulis dening: Alfian Daffa Ardiwa Putra/04/XI-1 Candi Tikus kuwi salah siji situs sejarah penting sing ana ing Trowulan, Mojokerto, Jawa Timur. Jenengé “Candi Tikus” muncul amarga candi iki ketoke sepisanan nalika ana tikus-tikus padha ndhelik ana gundhukan lemah sing ternyata nyimpen reruntuhan candi. Warga nemokke situs iki taun 1914 lan digali lan dipugar taun 1915. Candi iki diyakini asale saka jaman Kerajaan Majapahit abad kaping 13 nganti 14. Trowulan dhewe dikenal minangka ibukota Majapahit, mula ora kaget yen ana akeh tinggalan sejarah sing isih dijaga nganti saiki. Wujud arsitektur Candi Tikus béda karo candi-candi liyane. Candi iki kaya kolam segi papat sing digawe saka bata abang, kanthi tangga mudhun lan ana menara-menara cilik ing tengahe. Menara kuwi bentuke kaya stupa utawa meru. Ing sisih lor ana saluran banyu, nuduhke yen sistem pangairane wis maju. Candi iki dipercaya dudu mung kanggo sem...