Candi Tikus


Candi Tikus: Tinggalan Majapahit sing Unik lan Dadi Tuladan Budaya

Ditulis dening: Alfian Daffa Ardiwa Putra/04/XI-1

Candi Tikus kuwi salah siji situs sejarah penting sing ana ing Trowulan, Mojokerto, Jawa Timur. Jenengé “Candi Tikus” muncul amarga candi iki ketoke sepisanan nalika ana tikus-tikus padha ndhelik ana gundhukan lemah sing ternyata nyimpen reruntuhan candi. Warga nemokke situs iki taun 1914 lan digali lan dipugar taun 1915. Candi iki diyakini asale saka jaman Kerajaan Majapahit abad kaping 13 nganti 14. Trowulan dhewe dikenal minangka ibukota Majapahit, mula ora kaget yen ana akeh tinggalan sejarah sing isih dijaga nganti saiki.

Wujud arsitektur Candi Tikus béda karo candi-candi liyane. Candi iki kaya kolam segi papat sing digawe saka bata abang, kanthi tangga mudhun lan ana menara-menara cilik ing tengahe. Menara kuwi bentuke kaya stupa utawa meru. Ing sisih lor ana saluran banyu, nuduhke yen sistem pangairane wis maju. Candi iki dipercaya dudu mung kanggo sembahyang, nanging uga kanggo petirtaan, yaiku papan pemandian suci kanggo para bangsawan utawa tokoh penting Majapahit. Ing budaya Jawa, banyu kuwi nglambangake kesucian lan penyucian diri awak direresik, batin uga disucekake.

Candi Tikus ora mung nduweni nilai sejarah, nanging uga ngandhut nilai-nilai budaya. Arsitektur sing tertib lan simetris nuduhke yen masyarakat Majapahit kuwi nduweni ilmu teknik lan seni sing maju. Kajaba kuwi, panggonan kaya ngene nuduhke yen wong biyèn wis ngerti pentinge kebersihan lan ritual suci. Saka Candi Tikus iki, kita bisa sinau yen budaya Jawa biyen kuwi ngurmati alam, banyu, lan keselarasan antarane jasmani lan rohani.

Saiki, Candi Tikus dadi objek wisata edukatif. Akeh siswa lan mahasiswa sing dolan menyang kene kanggo sinau sejarah lan budaya Jawa. Pemerintah uga wis nyedhiyake fasilitas lan taman supaya pengunjung nyaman. Candi iki ngajari kita supaya nguri-uri warisan leluhur, ngajeni budaya, lan sinau saka masa lalu. Ora mung dadi papan wisata, nanging uga dadi panggonan kanggo nduduhake identitas budaya Jawa sing luhur.

Candi Tikus ngelingke kita yen kemajuan ora mung saka teknologi, nanging uga saka nilai moral, kesopanan, lan rasa hormat marang alam lan sesama. Mula, ngrawat situs kaya Candi Tikus kuwi dudu mung tanggung jawabé pemerintah, nanging tanggung jawabé kita kabeh.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik

mitoni

sintren