Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik
Ditulis déning: Nailah Aieola Nabihah | 25 | XI-1
Wayang wong kuwi salah siji jinis wayang tradisional saka Indonesia sing asalé saka tanah Jawa, utamané Jawa Tengah. Bentené karo wayang liya sing nganggo boneka saka kulit utawa kayu, wayang wong ditampilaké déning klompok penari sing nganggo riasan lan kostum khusus, diiringi musik tradisional Jawa kaya gamelan. Para penari mau nampilaké crita-crita Ramayana lan Mahabharata sing kebak piwulang moral.
![]() |
Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik (Sumber foto : RRI.co.id) |
Saben pemain ing pagelaran wayang wong nduwèni peran dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi nganggo kostum lan topeng kanggo nggambaraké karakteré. Kostum lan rai para pemain biasané dihias lan digambar mirip kaya wayang kulit. Para pemain wayang wong banjur nampilaké drama nganggo dialog wujud tembang utawa nyanyian Jawa, lan diseloni tarian kolosal utawa individu saben entèk crita.
Ing critané, asring ana tokoh Punakawan sing nggambaraké rakyat biasa utawa abdi dalem. Tokoh Punakawan kuwi ya iku Semar, Petruk, Gareng, lan Bagong sing nduwèni tugas ngendhogaké suasana. Wong-wong nonton biasané seneng nunggu munculé Punakawan merga tingkahé lucu lan nyenengaké.(Sumber foto : kratonjogja.id)
Sanajan wayang iki ditampilaké déning manungsa langsung, pagelaran wayang wong tetep nduwèni dalang sing nduwèni tugas ngatur alur crita lan mimpin musik.
Crita-crita sing ditampilaké ora mung kanggo hiburan, nanging ya kanggo ngenalaké mitologi jaman mbiyèn lan nyampèkaké piwulang moral sing ana. Kanthi mangkono, masyarakat, utamané para mudha saiki, isa sinau bab kabudayan, kesenian, lan mitologi khas Indonesia liwat pagelaran kuwi.
Warga Kutha Semarang lan sakupengé isa nonton pagelaran saka grup wayang wong sing isih aktif tekan saiki ing Taman Budaya Raden Saleh (TBRS) Semarang, pasé ing Gedung Kesenian Ki Narto Sabdo. Lokasiné ana ing Jalan Sriwijaya No 29, Tegalsari, Semarang.
Grup Wayang Wong Ngesti Pandowo iki wis ana wiwit taun 1937. Grup iki wiwit manggung ing Semarang taun 1950 ing gedhong GRIS, sing saiki dadi Mal Paragon. Grup wayang wong iki wis umur 88 taun lan isih aktif nganti saiki. Hebat, ta?
Pagelaran Wayang Wong Ngesti Pandawa ditampilaké saben dina Setu, wiwit jam 20.00 WIB. Crita sing saiki dipentasaké yaiku Rahwana Gugur lan Bagong Dadi Dewa.
Saiki kita kabeh mesthi lestarèkaké kabudayan lan kesenian Jawa. Ayo nonton Wayang Wong Ngesti Pandowo ing Semarang!
Sumber informasi:
Komentar
Posting Komentar