Brobosan
Tradisi Brobosan
Dening : Diva Aulia 09/XI-1
Tradisi brobosan kuwi salah siji adat istiadat sing isih lestari ing masyarakat Jawa, utamane nalika ana upacara pemakaman. Tradisi iki dilakoni karo kulawarga cedhak sing seda, kanthi cara mlaku ndhukuk lan liwat ngisor peti jenazah utawa keranda nganti kaping telu. Brobosan kuwi dudu mung lambang pamitan, nanging uga wujud pangajab pungkasan kanggo wong sing wis tilar donya.
Nalika dilakoni, tradisi brobosan nduweni teges kang jero bab hubungan kekancan lan pangurmatan marang leluhur. Biasane, sing nindakake kuwi anak, putu, utawa sedulur cedhak saka sing seda, minangka tandha hormat lan njaluk pangapura nek tau ana salah nalika isih urip. Saliyane kuwi, brobosan nuduhake nilai budaya Jawa sing ngajeni tatakrama, lan ngajari generasi enom supaya tetep ngurmati nilai-nilai rohani ing urip.
Nglestarekake tradisi brobosan kuwi dadi bagéan penting kanggo njaga budaya bangsa. Sanajan jaman saya maju, nilai-nilai becik sing ana ing tradisi iki tetep pantes dijaga. Kanthi ngenalake lan mulangake tradisi kaya brobosan marang generasi sabanjure, kita wis melu njaga jatidiri lan kasugihan budaya Indonesia supaya ora ilang ketelen jaman.
Komentar
Posting Komentar