Jamasan Pusaka
Jamasan Pusaka
Nabhan Arfa W. /23/XI 1
Tradisi Jamasan pusaka punika kalebet warisan budaya ingkang taksih lestari wonten ing tlatah Jawa Tengah saha Yogyakarta. Tembung Jamasan saking basa Jawa ingkang tegesipun "ngumbah" utawi "resik-resik." Nanging ing tradhisi punika, jamasan boten namung sekadar ngresiki raga pusaka, nanging ugi minangka wujud pangurmatan dhumateng nilai spiritual, sejarah, saha leluhur ingkang nate kagungan utawi migunakaken pusaka punika. Benda pusaka kados keris, tombak, pedhang, utawi piranti kraton, dados sesawangan utama ing tradisi punika.
Pelaksanaan jamasan punika limrahipun dipunlampahi saben taun, utaminipun ing sasi Sura, ingkang kalebet sasi kawiwitan ing penanggalan Jawa lan sami kaliyan bulan Muharam ing kalender Hijriyah. Wulan punika dipunagem minangka wulan suci, dados wekdal ingkang trep kanggé ngresiki pusaka minangka pralambang resik lahir batin.
Prosesi jamasan dipunlampahi kanthi runtut lan kebak tata krama. Prosesi dipunwiwiti kanthi susilaning nglolos dhuwung, inggih punika pangurmatan dhumateng pande pusaka lan tiyang ingkang nate kagungan. Sabanjure, dumugi tahap mutih, ing pundi pusaka dipunresiki kaliyan campuran abu gosok, jeruk nipis, lan sabun utawi detergen saperlu ngilangaken rereged lan karat. Sasampun punika, dipunlajengaken kaliyan warangan, inggih punika nyelupaken pusaka dhateng larutan warangan khusus kanggé njaga warna logam supados tetep ayem. Pusaka lajeng dipunusap kalihan kain alus, lajeng dipanggen jemur ing sang surya supados garing. Sawise punika, pusaka dipunulapi minyak khusus lan wewangian supados tetep awet lan ambune wangi. Pungkasan, dipunlampahi warangan kaping kalih minangka lapisan pungkasan kanggé ndadosaken pusaka katon cemlorot lan nggilap.
Tradisi punika dudu sarana nyembah barang, nanging wujud panguripan spiritual lan pangurmatan dhumateng warisan leluhur. Saben pusaka nggadhahi crita, semangat perjuangan, lan kawicaksanan para sepuh. Kanthi nglestarikaken jamasan pusaka, masyarakat nresnani budaya, nyawiji kaliyan sejarah, lan ngeterake nilai-nilai punika dhateng generasi ingkang badhe rawuh.
Mila, jamasan pusaka punika boten namung bab ngresiki barang antik, nanging ugi ngresiki batin, ngrumat jatidiri budaya, lan nglestantunaken gegayuhan luhur tiyang kapungkur kanggé bangsa ing tembe.

Komentar
Posting Komentar