Sedekah Bumi : Wujud Rasa Syukur Marang Gusti

Dening : Nabila Ayu W


Sedekah Bumi iku salah siji tradisi budaya Jawa sing isih dilakoni nganti saiki, utamane ning daerah pedesaan. Tradisi iki minangka wujud rasa syukur masyarakat marang Gusti Allah amarga wis diparingi berkah, rezeki, lan hasil tani saka bumi. Sedekah Bumi ora ateges bumi disedekahi, nanging minangka simbol rasa matur nuwun lan penghormatan marang alam lan Sang Pencipta. Warga percaya yen hubungan sing apik karo alam bakal nggawa rejeki, keselamatan, lan kelangsungan urip sing luwih becik. 

Sedekah Bumi dianakake sawise panen. Acara-acara sing umum dilakoni antarane yaiku
• Doa bebarengan sing dipimpin tokoh agama utawa sesepuh desa
• Pagelaran seni tradisional, kayata wayang kulit, reog, jaranan, utawa campursari
• Kirab gunungan, yaiku arak-arakan hasil bumi kaya pari, jagung, sayur, lan woh-wohan sing disusun kaya gunung, banjur dibagekake marang warga
• Kenduri utawa mangan bareng-bareng minangka lambang rasa guyub lan gotong royong 

Sedekah bumi punika salah satunggal wujud pangajab supaya bumi tansah subur makmur, masyarakat sehat lan rukun, lan bangsa tansah diparingi kamulyan. Mula, minangka generasi enom, kita kedah njaga lan nerusake tradhisi luhur iki, supaya ora ilang kauripan budaya Jawa.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik

mitoni

sintren