Tradisi Lamporan: Warisan Budaya Jawa untuk Menolak Bala dan Merawat Kearifan Lokal

Ditulis Dening: Regina Chiquita Putri/27

Pulau Jawa kaloka minangka tlatah kang sugih kabudayan lan tradhisi. Salah siji tradhisi unik lan isih lestari ing sawatara daerah yaiku Lamporan. Lamporan punika upacara rakyat kang diagem minangka tanda tolak bala, kang dilampahake kanthi arak-arakan ing wayah bengi nganggo obor lan swara rame-rame. Kajaba saka makna spiritual, tradhisi iki ugi nggambarake kebersamaan lan kekompakan masyarakat Jawa.

ASAL USUL LAN MAKNA

Tembung lampor asale saka mitos rakyat Jawa, kang ngandharake yen ana makhluk halus utawa pasukan ghaib kang lumaku bareng ing wengi dina Sura, lan saged nggawa bebaya kaya penyakit, panen gagal, utawa kekacauan.

Tradisi Lamporan dipuntindakake minangka bentuk tolak bala, kanthi pangajab supaya kampung aman, bersih saka energi ala, lan maringi berkah sadurunge mangsa tandur. Masyarakat yakin, swara rame lan cahya geni saka obor saged ngusir makhluk ala utawa setan kang ngganggu.


RANGKAIAN RITUAL

1. Ngawani Obor (Obor Lamporan)
Saben peserta gadhah obor kang digawa mlaku-mlaku ngubengi desa. Obor punika minangka lambang cahya kang ngusir pepeteng lan energi ala.

2. Swara rame - rame 
Lamporan dipun iringi swara kenthongan, bedhug, pring dipukul, lonceng, lan teriakan. Suara kasebut dipercaya bisa ngagetake makhluk ghaib.

3. Topeng lan Busana
Ana peserta kang nganggo topeng, kaya raksasa, memedi, utawa sing ndadi “hantu-hantuan”. Kadhangkala ana ugo kang nganggo klambi ireng kabeh.

4. Kirab Ngubengi Kampung 
Arak-arakan keliling kampung, utamane liwat panggonan kang dianggep angker: perempatan, wit gedhe, kuburan, utawa pinggir kali.

Lamporan punika salah satunggaling warisan budaya Jawa kang ngandhut makna spiritual, sosial, lan budaya. Tradhisi iki ngajari masyarakat supaya tansah eling, waspada, lan bebarengan ngadhepi ancaman utawa perkara ala. Kanthi nguri-uri Lamporan, kita saged njaga identitas budaya Jawa lan nglestarekake nilai-nilai luhur leluhur.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik

mitoni

sintren