Gamelan
Dening : Fara Odelia Dwi P
Gamelan kuwi salah siji seni musik tradisional saka tanah Jawa sing wis ana saka jaman mbiyen banget. Gamelan ora mung kumpulan piranti musik, nanging uga lambang kabudayan, kerukunan, lan filosofi urip masyarakat Jawa. Gamelan iku racaké dimainake bareng-bareng nganggo piranti kaya gong, kenong, bonang, saron, slenthem, kendhang, lan isih akèh manèh. Saben piranti duwe fungsi dhewe-dhewe lan kudu diarani bareng supaya bisa nyipta swara sing harmonis lan nyenengake.
Swara gamelan kuwi lembut, ayem, lan nglegakake ati. Ora kaya musik modhèren sing kadhang banter lan rame, gamelan nduwé irama sing landhep nanging tenang. Nalika diputerake, gamelan iso nggawa perasaan tenang lan ngajak wong sing ngrungokake kanggo mlebu ing suasana batin sing luwih jero. Kuwi sing ndadekake gamelan kerep digunakake kanggo ngiringi acara-acara penting kaya upacara adat, pagelaran wayang kulit, tari-tarian tradisional, lan ritual keagamaan.
Saiki, gamelan wis ora mung dikenal nang Indonesia wae, nanging uga nganti mancanegara. Akeh universitas lan sekolah musik nang luar negeri sing ngajari gamelan. Iki bukti yèn gamelan iku warisan budaya sing nggumunake lan pantes dibanggakaké. Nanging sayangé, ora kabèh generasi enom saiki ngerti lan minat karo gamelan. Akeh sing luwih seneng musik modern kaya pop, rock. Mulane penting banget kanggo terus ngenalake lan nguri-uri gamelan marang para mudha, supaya ora ilang ditelan jaman.
Gamelan kuwi luwih saka musik. Gamelan iku cara wong Jawa ngomong, ngrasakake, lan urip bebarengan. Swara gamelan kuwi swara jiwa bangsa. Mula saka kuwi, ayo bareng-bareng njaga lan nglestarekake gamelan, supaya tetep bisa dinikmati nganti tekan anak putu ing tembe mburi.
Komentar
Posting Komentar