Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2025

Dugderan

Gambar
Dugderan : Semarang Meriah Nyambut Ramadhan Ditulis dening : Meita Shanny Waluyo | 18 | XI  Dugderan iku tradisi budaya Jawa khas saka kutha Semarang sing dianakake saben taun kanggo nyambut tekane wulan suci Ramadhan. Acara iki wis ana wiwit jaman Bupati Raden Mas Tumenggung Arya Purbaningrat ing abad kaping 19 lan nganti saiki isih lestari. Jeneng  "Dugderan"  asale saka swara  "dug"  (bedhug ditabuh) lan  "der"  (mercon jeblug). Swara kuwi dadi pralambang tekane wulan poso.  Wektu Pelaksanaan  Biasane Dugderan dianakake sepisan saben taun, seminggu sadurunge Ramadhan, utawa pas sasi Sya'ban akhir. Wektune beda-beda saben taun, gumantung saka penanggalan hijriyah. Lokasi pelaksanaan Dugderan ana ning Kawasan Kota Lama Semarang, biasane dipusatke ing Alun-Alun Masjid Kauman lan sekitare. Tahun 2025 iki Dugderan dilaksanakake mulai soko pusat Balai Kota Semarang, lan pawai utawa arak-arakan e tekan Masjid Agung Kauman. Isi Kegiatan Dugderan A...

Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik

Gambar
Ditulis déning: Nailah Aieola Nabihah | 25 | XI-1 Wayang wong kuwi salah siji jinis wayang tradisional saka Indonesia sing asalé saka tanah Jawa, utamané Jawa Tengah. Bentené karo wayang liya sing nganggo boneka saka kulit utawa kayu, wayang wong ditampilaké déning klompok penari sing nganggo riasan lan kostum khusus, diiringi musik tradisional Jawa kaya gamelan. Para penari mau nampilaké crita-crita Ramayana lan Mahabharata sing kebak piwulang moral. Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik (Sumber foto : RRI.co.id )

Midodaren

Gambar
Tradisi Midodaren: Warisan Adat Jawa Kang Isih Lestari Dening : Fara Ayu Ramadhani  11/XI-1 Bangsa Jawa misuwur karo kabudayane sing sugih makna lan sarat filosofi. Saka kabudayan kasebut, ana sawijining tradisi adat kang diarani midodaren. Upacara iki biasane dianakaké sadurunge acara panggih manten, lan nduweni makna spiritual kanggo calon penganten putri. Midodaren ora mung wujud adat, nanging uga minangka ekspresi rasa tresna lan pangayoman saka wong tuwa marang anak wadone Midodaren asalé saka tembung “widodari” utawa bidadari. Wewadahané yaiku nglambangaké manawa calon penganten putri kudu dirawat lan disiapaké kanthi lahir batin kaya bidadari sadurunge mlebu urip bebrayan. Tradisi iki biasane dianakaké bengi sadurunge mantu, ing omah calon penganten putri. Ana sawetara runtutan acara ing midodaren, kayata: Sesuci utawa adus siraman calon penganten putri nganggo banyu kembang, minangka pralambang penyucian jiwa lan raga. Rerasan kulawarga kang isiné wejangan saka wong tuwa ma...

Brobosan

Gambar
Tradisi Brobosan Dening : Diva Aulia 09/XI-1 Tradisi brobosan kuwi salah siji adat istiadat sing isih lestari ing masyarakat Jawa, utamane nalika ana upacara pemakaman. Tradisi iki dilakoni karo kulawarga cedhak sing seda, kanthi cara mlaku ndhukuk lan liwat ngisor peti jenazah utawa keranda nganti kaping telu. Brobosan kuwi dudu mung lambang pamitan, nanging uga wujud pangajab pungkasan kanggo wong sing wis tilar donya. Nalika dilakoni, tradisi brobosan nduweni teges kang jero bab hubungan kekancan lan pangurmatan marang leluhur. Biasane, sing nindakake kuwi anak, putu, utawa sedulur cedhak saka sing seda, minangka tandha hormat lan njaluk pangapura nek tau ana salah nalika isih urip. Saliyane kuwi, brobosan nuduhake nilai budaya Jawa sing ngajeni tatakrama, lan ngajari generasi enom supaya tetep ngurmati nilai-nilai rohani ing urip. Nglestarekake tradisi brobosan kuwi dadi bagéan penting kanggo njaga budaya bangsa. Sanajan jaman saya maju, nilai-nilai becik sing ana ing tradisi iki t...