Midodaren

Tradisi Midodaren: Warisan Adat Jawa Kang Isih Lestari

Dening : Fara Ayu Ramadhani  11/XI-1




Bangsa Jawa misuwur karo kabudayane sing sugih makna lan sarat filosofi. Saka kabudayan kasebut, ana sawijining tradisi adat kang diarani midodaren. Upacara iki biasane dianakaké sadurunge acara panggih manten, lan nduweni makna spiritual kanggo calon penganten putri. Midodaren ora mung wujud adat, nanging uga minangka ekspresi rasa tresna lan pangayoman saka wong tuwa marang anak wadone


Midodaren asalé saka tembung “widodari” utawa bidadari. Wewadahané yaiku nglambangaké manawa calon penganten putri kudu dirawat lan disiapaké kanthi lahir batin kaya bidadari sadurunge mlebu urip bebrayan. Tradisi iki biasane dianakaké bengi sadurunge mantu, ing omah calon penganten putri.


Ana sawetara runtutan acara ing midodaren, kayata:

  1. Sesuci utawa adus siraman calon penganten putri nganggo banyu kembang, minangka pralambang penyucian jiwa lan raga.
  2. Rerasan kulawarga kang isiné wejangan saka wong tuwa marang anaké, supaya bisa dadi garwa kang becik lan sabar.
  3. Tirakat lan donga bebarengan, kanthi harapan acara mantu bisa lumaku lancar lan omah tangga calon penganten bisa ayem tentrem.


Midodaren uga minangka wektu kanggo kulawarga ngajab tulung pangayoman marang leluhur lan Gusti Kang Murbeng Dumadi.


Tradisi midodaren minangka salah siji warisan budaya Jawa kang ngemu nilai luhur. Sanajan jaman wis maju, tradisi iki isih asring dianakaké, utamane dening masyarakat kang ngajeni budaya leluhur. Mula, perlu kita rawat lan lestarèkaké, supaya anak putu bisa tetep weruh lan ngajèni ajining kabudayané dhewe.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik

mitoni

sintren