Dugderan

Dugderan : Semarang Meriah Nyambut Ramadhan

Ditulis dening : Meita Shanny Waluyo | 18 | XI 












Dugderan iku tradisi budaya Jawa khas saka kutha Semarang sing dianakake saben taun kanggo nyambut tekane wulan suci Ramadhan. Acara iki wis ana wiwit jaman Bupati Raden Mas Tumenggung Arya Purbaningrat ing abad kaping 19 lan nganti saiki isih lestari. Jeneng "Dugderan" asale saka swara "dug" (bedhug ditabuh) lan "der" (mercon jeblug). Swara kuwi dadi pralambang tekane wulan poso. 


Wektu Pelaksanaan 

Biasane Dugderan dianakake sepisan saben taun, seminggu sadurunge Ramadhan, utawa pas sasi Sya'ban akhir. Wektune beda-beda saben taun, gumantung saka penanggalan hijriyah. Lokasi pelaksanaan Dugderan ana ning Kawasan Kota Lama Semarang, biasane dipusatke ing Alun-Alun Masjid Kauman lan sekitare. Tahun 2025 iki Dugderan dilaksanakake mulai soko pusat Balai Kota Semarang, lan pawai utawa arak-arakan e tekan Masjid Agung Kauman.

Isi Kegiatan Dugderan

















Akeh kegiatan meriah sing dilaksanakake nalika Dugderan. Salah siji sing paling dienten-enteni yaiku Kirab Budaya. Sing melu kirab ora mung saka kalangan pemerintah, nanging uga saka pelajar, seniman, komunitas budaya, lan warga biasa. Bocah-bocah sekolah padha nganggo klambi adat Jawa, uga ana sing nganggo busana Tionghoa lan Arab kanggo nduduhake keberagaman budaya. Ana rombongan drumband saka sekolah-sekolah, barisan prajurit kraton tiruan, para ulama, lan penari tradisional. Wong-wong padha baris tertib, mlaku bebarengan karo iringan musik modern tradisional. Patung utawa boneka Warak Ngendhog biasane digawa bareng karo bocah-bocah sing nyemangati rombongan. Akeh penonton sing ngantri turut pinggir dalan kanggo ndelok arak-arakan, motret, lan ndhukung rombongan sing lewat. Suasanane rame lan meriah, nanging tetep tertib lan guyub.

Saliyane Kirab Budaya akeh meneh kegiatan liayane, yaiku :
  • Pasar Dugderan : pasar rakyat sing dibukak nganti bengi, isine bakul jajanan tradisional, dolanan anak, klambi, lan barang-barang unik. Bocah-bocah seneng banget menyang kene. 
  • Pentas Seni Budaya : ana pertunjukkan musik gamelan, tari tradisional, barongsai, lan kesenian campuran saka budaya Jawa, Arab, lan Tionghoa. 
  • Upacara Adat : Walikota Semarang lan para tokoh agama ngadani acara resmi kanggo ngumumke tanggal pisanan poso. Ing uoacara iki, ana pembacaan maklumat, tabuhan bedhug, lan sumetan mercon minangka tanda dimulaine ibadah puasa. 

Makna Simbolis Dugderan 

















Dugderan ora mung dadi hiburan rakyat, nanging uga nduweni makna spiritual lan sosial. Acara iki ngelikake masyarakat supaya nyiapake atine sedurunge mlebu sasi Ramadhan, supaya luwih sabar, rukun, lan siap ningkatake ibadah. 

Simbol Warak Ngendhog uga nduweni arti penting. Warak wujud kewan rekaan sing wujude gabungan saka naga (budaya Tionghoa), kambing (budaya Arab), lan buraq (budaya Islam). Iki nduduhake kerukunan antar suku lan agama ing kutha Semarang. "Ngendhog" nduweni arti harapan supaya bisa ngasilake berkah lan kabecikan nalika poso.

Dugderan dadi simbol identitas budaya Semarang lan dadi acara tahunan sing dikangeni masyarakat. Kegiatan iki ngumpulake kabeh lapisan msyarakat, saka bocah nganti wong tuwa, kanggo bebarengan ngrayakake kebersamaan lan tradisi. Saliyane, Dugderan uga ndongkrak ekonomi lokal, amarga pasar rakyat lan UMKM bisa oleh penghaislan saka pengunjung. Tradisi Dugderan nduduhake yen tradisi budaya Jawa isih kuwat lan lestari. Dugderan ora mung warisan leluhur, nanging uga dadi bagian penting saka cara urip masyarakat Semarang. Saka Dugderan, semangat nyambut Ramadhan dadi luwih rame, guyub, lan makarya bareng. Muga tradisi iki bisa terus dijag lan diwarisake marang generasi sebanjure.



















Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wayang Wong : Gabungan antara Tari, Drama, lan Musik

mitoni

sintren